Hendrik Antoon Lorentz

Hendrik Antoon Lorentz (1853-1928) ya iku fisikawan Walanda kang bisa menangaké Penghargaan Nobel ana ing babagan Fisika bebarengan karo Pieter Zeeman nalika taun 1902. Dilairaké ing Kutha Arnhem, Walanda. Dhèwèké sinau ana ing Universitas Leiden. Nalika umur 19 taun dhèwèké banjur bali menyang Arnhem lan mulang ana ing sawijining SMA. Disambi mulang dhèwèké nyambi karo nyiapaké tesis doktoral kang ngambaké téyori James Clerk Maxwell ngenani babagan elektromagnet kang isiné rincian saka pemantulan lan pembiasan cahya. Nalika taun 1878 dhèwèké dadi guru besar babagan fisika teoretis ana ing Leiden kang dadi panggon makarya pisanané. Antoon manggon ing Arnhem suwéné 34 taun, banjur sawisé iku pindah menyang Haarlem. Lorentz nerusaké pakaryané kanggo nggawé luwih prasaja téyori Maxwell lan nepungaké gagasan yèn medan elektromagnetik ditimbulaké déning momotan listrik ana ing tingkat atom. Nalika taun 1896, salah siji mahasiswané kang jenengé Pieter Zeeman nemu yèn garis spéektral atom ana ing medan magnet kapecah dadi komponèn kang frekuensiné rada béda. Perkara mau mbeneraké pakaryan Lorentz, mula saka iku wong sakloron banjur dianugrahi Bebungah Nobel nalika taun 1902. Taun 1895, Lorentz èntuk saprangkat persamaan kang ntransformasèkaké kwantitas elektromagnetik saka sawijining kerangka acuan marang kerangka acuan liyané kang gerak rélatif marang kang pisanan. Wigatiné panemon iku nembé disadari 10 taun sawisé nalika Albert Einstein nyatakaké téyori relativitas mirunggan. Lorentz (lan fisikawan Irlandia G.F. Fitzgerald kanthi independen) ngusulaké yèn kasil négatif eksperimen Michelson-Morley bisa dipahami.


Developed by StudentB